Pidato Kartini


Nuwun,

Kepareng dhumateng Ibu Kepala Sekolah SMA N 1 Sewon ingkang dahat kinabekten, Bapak Ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan, para kanca siswa-siswi saha perwakilan diajeng ingkang kula tresnani, kula aturaken sugeng enjeng.
Sumangga ingkang sepisan kula panjenengan sami tansah manungka puja miwah puji syukur dhumateng Gusti Maha Kuwaos awit sampun maringaken berkah pangestu dhumateng kula panjenengan sami saengga kula lan panjenengan sami saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabegjan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samangke punika.
Sedherek sekaliyan ingkang satuhu luhuring budi,
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Pancen sampun dipunkodrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus, sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar-kantar pindha waja ngudi kautaman. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap tiyang jaler kangge pembangunan majengipun bangsa punika. Contonipun mawon, negari kula kaliyan panjenengan sami menika, negari Indonesia ingkang nate dipunpandegani piyantun putri inggih menika Ibu Megawati Soekarno Putri.
Ing Pengetan dinten Kartini menika inggih dipunwonteni pagelaran fashion show  diajeng minangka simbol Kartini ing zaman modern sakmenika.  Sanajan pengetan dinten Kartini dipunwonteni saben taun, mila mekaten kedahipun mboten naming wanci pengetan menika kemawon kita saged nyaosaken hasil karya lan cipta kaum wanita. Mugi-mugi saben dinten, saben wekdal wanita Indonesia  tetep makarya kangge mujudaken citra pribadi bangsa ingkang tansah mbabar angambar ganda arum.
Kanti makaten punika sumangga kita kados dene bibit enggal kartini nem-neman sami ngudi kawruh kanti manah ingkang tansah makantar-kantar. Saengga kita wanita Indonesia saged nglajengaken gegayuhan tuwin labuh labetipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun wanita Indonesia. Wanita Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Matur nuwun awit kawigatosanipun. Ing pungkasaning atur, menawi kula gadhah kelepatan, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Sugeng Enjeng